[B. JAWA] Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Sekolah
Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang
Kebersihan Sekolah
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula
tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji
syukur dhu-mateng gusti mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan
hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi
mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken
dumateng junjungan kita nabi agung muhammad s.a.w. ingkang kita tengga-tengga
syafa’atipun benjang ing dinten akhir,. Kanthi ucapan allahhumma sholli ala
syaidina muhammad wa ala ali Syaidina muhammad .
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan
karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula
panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan
kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki
supaya
Dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi
sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama
kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan
saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok
bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun
inggih punika kbm dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget
ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon
disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap semanten atur kaula, mbok bilih wonten
kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Semoga Bermanfaat :)

Post a Comment for "[B. JAWA] Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Sekolah"
= > Silahkan berkomentar sesuai artikel diatas
Post a Comment= > Berkomentar dengan url ( mati / hidup ) tidak akan di publish