[B. JAWA] Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang Narkoba
Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang Narkoba
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati,
Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, langkung rumiyen sumonggo
tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung.
Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti
pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin ya rabbal alamin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan
narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita
tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba
menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno
ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipun badhe nalisir saking kasusilan. Sanget
kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang
melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical
kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal,
jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno
tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten
guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin.
pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita
tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang
keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning
monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun
ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto
kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan
tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur
aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih
agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang
mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidayah.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Semoga Bermanfaat :)

Post a Comment for "[B. JAWA] Pidato Singkat Bahasa Jawa Tentang Narkoba"
= > Silahkan berkomentar sesuai artikel diatas
Post a Comment= > Berkomentar dengan url ( mati / hidup ) tidak akan di publish